KHASIAT
TALOK KANGGO KESEHATAN
Talok?
Apa kuwi wit talok? Sebagian wong mesti ngerti opo kuwi talok. Talok yaiku
tanduran perdu sing wohe cilik-cilik bunder. Awakdewe biasane weruh wit iki ing
pinggir-pinggir dalan. Biasane woh talok iku narik perhatiane cah cilik-cilik
amarga rasane sing legi lan warnane sing menarik. Talok sing wis tuwa iku
warnane abang lan sing isih enom warnane kuning. Woh talok iku udu woh musiman,
dadi talok iku mesti awoh terus.
Akeh
wong sing sengaja nandur wit talok dinggo iyup-iyup amarga wit talok iku
gampang urip,godhonge rimbun, lan ora perlu perawatan khusus. Nanging sakliyane
iku talok isih nduwe manfaat sing akeh kanggo kesehatan. Akeh wong sing ora
ngerti khasiat saka godhong lan wohe talok kanggo kesehatan, biasane woh talok
ora dijupuk lan ditekne tiba ing lemah.Khasiat
talok kanggo kesehatan yaiku :
- Antiseptik, banyu godhogan saka godhong wit talok ngandung senyawa kayata tanin, flavonoids lan saponin kanggo mateni bakteri-bakteri ora apik singa ana ing awak.
- Anti Inflamasi, banyu godhogan godhong talok bisa digunakake kanggo ngurangi radang lan mudunke panas.
- Antitumor, Senyawa flavonoid ing godhong talok iku \ nduweni manfaat kanggo ngehambat uripe sel-sel kanker.
- Ngurangi nyeri asam urat, woh talok bisa digunakake kanggo ngurangi nyeri asam urat carane yaiku woh talok dikonsumsi 9 butir, sedino kaping 3.
- Diabetes,talok bisa digunakake kanggo ngobati diabetesamarga godhong talok nduweni senyawa flavoid sing bisa nyekresi hormon insulin ing awake penderita diabetes.
- Nyehatke Jantung, godhong kersen bisa nglindungi fungsi otot jantung netralake racun sing mlebu in awak.
- Nglancarke sistem pencernaan, woh talok iku nduweni kandungan serat sing dhuwur kanggo nglancarake perncernaan.
- Ngurangi kolesterol
- Mudunke hipertensi
Nah
iku mau khasiat-khasiat saka woh lan godhong talok. Isih lan akeh maneh khasiat
saka talok sing durung disebutke ing ndhuwur . Nah, yen kita bisa ngolah talok
kanthi bener kita bisa manfaatke talok kanthi maksimal lan ora ngremehke utawa nyia-nyiakke
woh cilik sing akeh manfaate iki. Dadi yen pengen sehat iku ora mesti kanggo
cara larang, contone talok sing akeh ing sakkiwatengene kita jebul nduweni
khasiat sing akeh kanggo kesehatan.
-Andrini C
0 komentar:
Posting Komentar